Wong Jawa iku nduwé watek utawakarakter sing sumberé saka kahanan
"slamet", dadi kabèh sing dilakonikudu nglairak kahanan sing sarwa
slamet. Kahanan iki mung bisa digayuh yènkabèh pasangan (urip mati,
lanang wadon, awan bengi lan liya-liyané) bisaharmonis.
Kanggo
njaga kahanan bèn tetepharmonis, wong Jawa kudu bisa ngoncati masalah
sing bisa ngganggu kaharmonisanlan uga kudu isa isa ngatasi masalah
kanggo mbalèkaké kaharmonisan sing wis keganggu. Tujuanpungkasan urip
harmonis iku kanggo nggayuh cita-cita utama wong Jawa yaiku manunggaling kawula lanGusti. Tujuan iki bisa digayuh yèn wong Jawa bisa dadi menungsa singutuh utawa dadi Aji saka liwat ajaran Kalimasada.
Miturut Serat Wulangrèh[1],hubungan sosial isih ngugemi sipat tradisional kanthi urutan miturut umur, pangkat, bandha, lan awu
’tali kekerabatan’. Konflik tinarbukasak bisa-bisané diendhani. Donya
lair kang ideal yakuwi donya kang saimbang lanselaras, kaya déné
kasaimbangan lan keselarasan lahir lan batin. Urip ora bakalnandang
cacat yèn batiné tetep waspada.
Kawaspadan batin kang terusterusan iku bakal nyegah tingkah laku,
wicara lan celathu sing kurang patut.Ngurangi mangan lan turu iku
minangka latihan kang utama kanggo ngéntukakékawaspadan batin.
Saliyané kawaspadan batin ugadiendhani watak sing ora becik, yaiku watak adigang,adigunglan adiguna.Suwaliké
kudu miara watak “ rèh “, sabar lan “ ririh “ , ora kesusu lanati-ati.
Kelakuan kang nguntungaké awaké dhéwé lan ngrugèkaké liyan
kududiéndhani, ngapusi (dora), nyengit lan sawenang-wenang kududiadohi. Yèn batinné wiswaspada, tingkah lakuné kudu sopan, tingkah laku sopan yakuwi tingkahlaku kang :
- Deduga, “ ditimbang kanthi premanasadurungé nglangkah”
- Prayoga, “ ditimbang apik alané “
- Watara, “ dipikir matengsakdurungé mènèhiputusan “
- Reringa, “ sakdurungé yakin tenan tumrapkeputusané iku “
Tidak ada komentar:
Posting Komentar